Bathik, World Heritage Asli Indonesia

NALIKA mratinjo wewengkon ingkang katrajang lindhu ing Sumatera Barat, 2 Oktober kepengker, Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) mratelakaken pawadan bab bathik ingkang dipun agem. Presiden ngandharaken bilih 2 Oktober 2009 minangka Dinten Bathik. Andharan Presiden SBY punika jumbuh kaliyan putusan United National Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) ingkang netepaken bathik minangka warisan pusaka donya (world heritage) ingkang asumber saking Indonesia.
Tumrap bangsa Indonesia, putusan UNESCO punika saged kawastanan anugerah Gusti Allah ingkang damel bombonging panggalih. Awit pamarentah RI sampun dangu kanthi mboten kendhat anggenipun mbudidaya mbiwarakaken ing laladan internasional bilih bathik punika estu warisan kultural adiluhung asli Indonesia. Prelu kawuningan, magepokan kaliyan bathik, sawetawis nagari manca pranyata kumecer damel bathik. Kalebet Malaysia, ingkang kepara sampun ancang-ancang wiwit tahun 2004 nedya dados minangka nagari punjering bathik internasional. Murih gegayuhan punika saged enggal kawujud, Malaysia mboyong pengrajin-pengrajin bathik tulis saling tlatah Ngayogjakarta. Para pengrajin kalawau lajeng kadhapuk minangka instruktur produksi bathik.
Bathik panci mancaraken daya pencut ingkang ageng. Cakrikipun ingkang khas ketingal eksotik. Awit saking punika kathah ingkang kasengsem, kalebet tiyang saking manca. Kajawi punika bathik pranyata fesyenabel, saged dipun trepaken model punapa kemawon, saha luwes dipun kombinasi kaliyan bahan sanesipun. Pramila ing jaman sak punika, motif bathik saged sumrambah kaagem ing maneka swasana lan papan. Wiwit ing pasamuwan, acara resmi, kesripahan, utawi ageman padintenan. Bathik ugi ketingal sampun limrah kaagem ing papan pedamelan utawi kantor, hotel, mal, lan sanes-sanesipun. Kawontenan kados makaten punika benten sanget kaliyan rikala kula taksih alit. Kala semanten bathik namung kaagem ing swasana saha papan tinamtu, umumipun nalika jagong ing pasamuwan utawi ngrawuhi acara resmi. Pramila kala semanten manawi kaleresan panjenengan tindak ing griyanipun rencang kanthi ageman mawi motif bathik, mboten nggumunaken manawi rencang lajeng moyoki: “Badhe jagong dhateng pundi?”
Gegayutan kaliyan putusan UNESCO kados kasebat ing seratan nginggil kalawau, prayoginipun bangsa Indonesia tansah ngleluri bathik. Langkung-langkung tumrap pabarayan Jawa, ingkang sampun kawentar kanthi bathik tulisipun. Sampun ngantos kaprigelan pengrajin bathik tulis kandheg ing generasi sak punika kemawon. Putra-wayah dalah keturunan sak mangke ugi kedah saged hamarisi bathik minangka pusaka donya punika. Budi dayanipun maneka cara, antawisipun kanthi asring nyrawungaken lare bab bathik. Wujudipun inggih kanthi ageman bathik, saged awujud ageman utawi sinjang, utawi maneka kerajinan ingkang migunakaken motif bathik. Ugi kersoa paring kawruh sujarah bathik, maneka motifipun, kalebet naminipun ingkang ngemu pralambang (simbolis) pandonga utawi panyuwunan, kados dene Sido Mukti, Sido Luhur, lan sak panunggalanipun. Kajawi punika, lare-lare prayoginipun ugi dipun tepungaken sarana ningali proses produksi bathik tulis. Ing pangajab, generasi sak mangke saged mangertos kados pundi njlimetipun damel bathik tulis, wiwit saking ngeblat pola, kaprigelan migunakaken canthing nalika mbathik, ngantos dumugi proses mbabar.
Kanthi ngleluri bathik,ugi saged nuwuhaken krenteg saha raos handarbeni pusaka budaya ingkang adiluhung. Sampun ngantos kanugrahan awujud putusan UNESCO punika kalawau namung kandheg dados raos bombong, kasubya dados eforia/obor blarak ananging keturunan kula lan panjenengan sak mangke sagedipun namung ngagem bathik ingkang dipun damel tiyang manca. (*)


Iqbal Wahyu Purwito, pandhemen budaya Jawa, aktif ing kegiyatan memetri budaya mligine babagan pambiwara lan hamicara, pengurus Paguyuban Metri Budhaya Jawa MELATHI, Nusukan, Surakarta.






4 Responses to “Bathik, World Heritage Asli Indonesia”:

  1. Nyuwun sewu.., kok isine padha karo tulisan panjenengan (yen ora kleru kanthi irah-irahan bathik, pusaka donya asli Indonesia,...)?? Apa di-posting anyar maneh? Fotomu mbok sing mesem wae, katon bagus-manis.... Sing iki kok kaya lagi nesu tur katon "tuwa", hahaha...

  2. Anonim says:

    Solo Kutha Bathik.....

    Ayo padha nyengkuyung Kota Solo minangka Kota Batik.., lumantar Kampoeng Bathik, lumantar ageman sarwa bathik kang samsaya mratah, lumantar Solo Batik Carnival..lan, lumantar gebyare pengetan kamardikan RI ing Surakartahadiningrat kang bakal kasubya kanthi maneka cakrik bathik ing saben kampung minangka kreasine warga Solo...( naniek-solo)

  3. Anonim says:

    Giliran Solo Batik Fashion III

    Mari kita sukseskan Kota Solo menuju obsesi Ibu Kota Batik Indonesia, dengan gelaran Solo Batik Fashion-3. Setelah menggelora SBC dan Kampoeng Bathik, ayo kita dukung event ini demi kian mencuatnya nama kota kita. Sukses SOLO KOTA BATIK, SOLO IBU KOTA BATIK INDONESIA!

    (Tien S., Solo)

  4. Anonim says:

    (Lucy, from Kota Solo):

    Kapan bikin tulisan serta ulasan tentang Kampoeng Bathik di Solo? Promosikan dong lewat karya, 'tuk ngedukung Solo sebagai Kota Wisata Budaya. Thanks.

Leave a comment