Wajib Basa Jawi Saben Jum'at

Dening: Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawa Melathi Surakarta


WIWIT 19 Februari 2010 kepengker, Pemkot Solo sampun majibaken sedaya satuan kerja perangkat daerah (SKPD) ing wewengkon instansi pamarentah punika ngginakaken Basa Jawi saben dinten Jumat. Bab punika kawedharaken Wali Kota Solo Joko Widodo nalika pengetan ambal warsa Kitha Solo ingkang kaping 265. Sanajan ing dinten tertemtu (Jumat) punika wonten rapat koordinasi (rakor) utawi forum resmi sanesipun, kedah migunakaken Basa Jawi. Namung ing babagan seratan dhines kemawon ingkang tetep migunakaken basa nasional (Indonesia).

Menawi kula lan panjenengan sedaya kersa ngungak malih asil Kongres Basa Jawa (KBJ) IV nalika 10-14 September 2006 kepengker, ing Semarang, kawiyak bilih Basa Jawi pinangka sarana pasrawungan, pranyata gadhah panutur ingkang cacahipun 80 yuta langkung. Kajawi punika, Basa Jawi mujudaken salah satunggaling ”basa ibu” ingkang ageng ing donya. Basa Jawi mlebet urutan kaping 11 (sewelas) saking ewonan basa ing ndonya. Kaanan punika nedahaken bilih Basa Jawi taksih gadhah daya, mboten pupus ing pangajab saged ngrembaka. Salah satunggaling daya panjurung, inggih taksih dipunginakaken basa punika tumrap tiyang Jawi wonten ing pasrawungan.

Lumantar kawicakan punika, Pemkot Solo ngajab murih lestarinipun Basa Jawi. Awit ing kasunyatan, kepara kathah tiyang Jawi piyambak ingkang mboten saged migunakaken basanipun, mliginipun basa krama. Menawi kula lan panjenengan sedaya kersa mawas, wonten ing kulawarga kemawon asring pirembagan migunakaken basa nasional (Indonesia). Malah kepara mboten sekedhik ing griya lare pirembagan mawi basa manca, awit wonten ing sekolahan sak punika sampun dipun wulangaken basa Inggris, Arab, Mandarin lan sapanunggalanipun. Nalika mrangguli lare pirembagan mawi basa manca kalawau, tiyang sepuhipun malah mongkog lan bombong, mastani larenipun lantip anggenipun nyerep basa manca ing sekolahan.

Kanthi patuladhan wajib migunakaken Basa Jawi saben Jumat ing wewengkon Pemkot Solo, sayektosipun kula lan panjenengan sedaya kepara ngundhuh paedah ingkang ageng. Ing antawisipun, pinangka tiyang Jawi ingkang gesang ing alam modheren, sekedhik mbaka sekedhik badhe tuwuh krenteg malih memetri Basa Jawi. Ing tembe kaajab saged ngetrepaken kanthi mulat wonten ing salebeting pirembagan, wiwit trep-trepan krama andhap, krama madya, dumugi krama inggil. Punika kathah sanget mupangatipun ing madyaning pasrawungan, mliginipun ing bab tatakrama. Awit unggah-ungguhing basa krama ngandhut panuntun luhur, kados dene andhap asor, mboten nilar ing pakewuh, nebihaken panyendhu, lan sakathahing panuntun luhur sanesipun ing budaya Jawi. Pangendika SISKS Pakoe Boewono Kaping X: Rum kuncaraning bangsa dumunung haneng luhuring budaya.

Menawi kedah migunakaken Basa Jawi, lajeng kados pundi tumrap pegawe punapadene warganing masyarakat ingkang paring Ian nyuwun pelayanan, kamangka boten sedaya tiyang Jawi? Punapa mboten malah nuwuhaken ribet lan keconthalan? Kawitan temtunipun pancen mekaten. Ananging menawi dipungalih saha dipunraos kanthi wening, satemah kepara dados sarana anggenipun nyinau budaya Jawi (lumantar Basa Jawi), mumpung taksih wonten ing laladan Jawi. Kaanan punika mboten beneh nalika kula lan panjenengan ngangsu kawruh utawi makarya ing nagari manca. Temtunipun ugi kedah nyinau basa manca kalawau kagem kaperluwan ing pasrawungan.
Pangajab, mugi punapa ingkang sampun kawedharaken Wali Kota Solo Joko Widodo bab kuwajiban migunakaken Basa Jawi kalawau, sampun ngantos asipat formalistik kemawon. Kedah wonten panyengkuyung sanesipun, satemah mboten kandheg ing tengah margi. Panyengkuyung punika kados dene jatah pamulangan Basa Jawi ing sekolah-sekolah ingkang taksih kirang. Ugi sarana mekaraken budaya Jawi (kalebet Basa Jawi) ingkang saged kawastanan taksih dereng murakabi awit dana lumantar APBD kirang murwat. Pamarentah lumantar instansi ingkang raket sesambetanipun kaliyan babagan budaya, ugi taksih kirang grengseng ngawontenaken maneka andon wasis bab Basa Jawi. Kamangka, ing saindhenging Kitha Solo punika mboten sekedhik paguyuban ingkang mersudi budaya lan basa Jawi. Saged kawastanan bilih para pamerdi kalawau pinangka dados “aset budaya” tumrap Pemkot Solo. (*)