Wujuding Sportifitas Tiyang Jawi



Sawetawis dinten kepengker, wiwit surya kaping 1 Syawal 1433 H, wonten tradhisi ingkang dipuntindakaken masarakat ingkang kawastanan apura-ingapura. Wujudipun panyuwunan pangapura dhateng sesami tumrap sadaya kalepatan saha maneka babagan ingkang damel kirang renaning penggalih salebeting setaun kepengker. Padatan kawiwitan saking kulawarga , para putra dhumateng tiyang sepuhipun, kalajengaken para sedherek, sanak kadang, lajeng tangga tepalih ing kanan-kerengipun. Wonten ing tatacara apura-ingapura, kapurwakan aturipun ingkang mudha nyenyuwun pangapura dhumateng ingkang langkung sepuh . Dene para sepuh sasampunipun nyuntak sih samodra pangaksama ugi sinartan pamundhut amrih ingkang langkung mudha ugi purun caos pangapura kalepatanipun tiyang sepuh. Tradhisi punika ngandhut piwulang gesang ingkang utami lan saged dados kaca pangilon wonten ing bebrayan, awit wontenipun pasemon ing antawisipun sportifitas, introspeksi saha pralampita nigas sawernaning arogansi. Ing tradhisi apura-ingapura sadaya sami nglenggana kagungan kalepatan, mila lajeng nyuwun pangapunten. Makaten ugi tiyang sepuh, sanajan jejeripun minangka tiyang ingkang dipunkurmati nanging boten lingsem nyuwun pangapunten jalaran nglenggana gadhah kalepatan utawi babagan ingkang damel kuciwa para putra/ingkang langkung mudha. Manawi dipunonceki, pasemonipun tiyang sepuh punika boten namung rama-ibu utawi ingkang yuswa sepuh, nanging saged sumrambah dhumateng tiyang ingkang dipunsepuhaken jalaran kalenggahanipun, kados dene para pemimpin, tokoh masarakat, pejabat, para wakil rakyat, para ingkang kagungan status sosial inggil ing pabrayan, lan sapiturutipun.
Apura-ingapura ingkang katindakaken masarakat saben wulan Sawal punika kalebet salah satunggaling tradhisi campuran budaya Jawi kaliyan Islam. Pengaruh Islamipun jalaran kabeta swasana ingkang wonten gegayutanipun kaliyan rerangken ritual Islam, wiwit siyam Ramadhan ing sasi Pasa, kalajengaken Idul Fitri ing 1 Sawal minangka tandha kuwajiban nindakaken siyam Ramadhan tumrap umat Islam sampun lebar utawi rampung, tumuli kalajengaken siyam sunnah nenem dinten ing wulan Sawal. Dene ing masarakat Jawi (Islam), bakda Ariyadi utawi Idul Fitri dipunmaknani wangsul wonten ing kahanan utawi kahanan suci gegayutanipun kaliyan sarampungipun nindakaken ibadah siyam Ramadhan sewulan natas. Kalajengaken siyam Sawal nenem dinten, lan katutup kanthi kupatan (mila lajeng kawastanan bakda kupat, watawis seminggu sabibaripun bakda Ariyadi). Sanajan tradhisi apura- ingapura kalebet tradhisi campuran budaya lan Islam, nanging ing ajaran Islam boten wonten tuntunan apura-ingapura mligi ing 1 Sawal. Miturut tuntunan Islam, apura-ingapura katindakaken saben wekdal, nalika hangrumaosi damel kalepatan dhateng sesami kedah lajeng enggal-enggal nyuwun pangapura, makaten ugi ingkang dipunsuwuni pangapura, kedah enggal paring pangapura karana Gusti Allah. Kajawi punika, rumpakaning atur ing tradhisi apura-ingapura padatan sinartan ukara:"minal aidin wal faizin" ingkang dipunanggep ngemu teges panyuwunan pangapura tumrap sakathahing kalepatan. Kamangka ukara punika yektinipun perangan saking reroncen ukara "ja’anallahu wa iyyakum minal aidin wal faidzin, dene maknanipun mugi Gusti Allah handadosna kula lan panjenengan minangka tiyang ingkang sami wangsul lan begja. Liripun,papuji mugi siyam Ramadhan ingkang sampun katindakaken sageda damel takwa. Awit saking punika, langkung prayogi atur papuji kados ingkang dipuntuntunaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW kanthi taqabbalallahu minna wa minkum, shiyamana wa shiyamakum ingkang tegesipun mugi Gusti Allah kepareng nampi amal kula lan amal panjenengan, amal siyam kula lan amal siyam panjenengan. Suprandene ingkang lumampah ing masarakat taksih kados ing tradhisi padatan, temtunipun boten dados punapa, sauger kadulu saking pamawas budaya ingkang ngandhut piwulang luhur. Pawadanipun, tradhisi punika saged dados panjurung tuwuh lan ngrembakanipun ing masarakat, ingkang tundhonipun adamel rukun ing pabrayan. (*)