Budaya Jawi Minangka Lelandhesan Hambangun Kitha Solo

(Dening: Muhammad Iqbal SSos)

Kula nuwun,
Sih wilasa saha berkahing Gusti Allah Ingkang Maha  Mirah, mugi tansah kapatedhakaken dhumateng panjenengan, sumrambah ing sadayanipun.
Ing titi kalenggahan punika, kepareng kula badhe ngandharaken punapa ingkang dados irah-irahan atur kula wonten ing Andon Wasis Sesorah Basa Jawi magepokan kaliyan mangayubaya ambal warsa Kitha Solo ingkang kaping 265. Wondene irah-irahan kula bab Budaya Jawi Minangka Lelandhesan Hambangun Kitha Solo.
Kados ingkang sampun kawuningan, bilih ing surya kaping 17 Februari 2010 mangke, kaleres pengetan ambal warsa Kitha Solo ingkang kaping 265. Kathah prastawa ingkang sampun kaserat ing sujarah magepokan Kitha Solo. Kalebet maneka sesebatan tumrap kitha punika, kados dene Solo Kitha Plesir ngantos dumugi pasemon bilih Solo punika kawastanan kitha asumbu cekak. Lan sak punika wonten malih sesebatan ingkang damel reseping panggalih, bilih Solo minangka kitha ingkang tansah ngolah budi lair batin, ingkang pakartinipun titah manungsa ingkang linambaran lair batin lan lumampah sesarengan. Sampun kasumurupan bilih woh pangolahing budi punika ingkang ateges budaya, mliginipun inggih Budaya Jawi.
Lajeng, kenging punapa hambangun Kitha Solo prayoginipun kanthi lelandhesan Budaya Jawi? Mboten sanes awit Budaya Jawi punika adiluhung. Kanthi lelandhesan Budaya Jawi, tumrap pangembaning praja anggenipun mranata saha hambangun kitha tansah kairing weninging manah lan panggalih, sareh, setiti, tansah nulad kawontenaning para warga, saha ngaosi lan hamomong sinten kemawon, mliginipun kawula alit.
Semanten ugi, kanthi lelandhesan Budaya Jawi kalawau, para warga ing pabrayan ageng Kitha Solo, saged ngrumaosi jejering titah minangka kawula. Tegesipun, inggih kedah bekti dhumateng praja, ing titi kalenggahan punika Pamarentah Kitha Solo. Punika ngemu werdi, tansah hanyengkuyung saha ngestokaken dhawuh adhedhasar budi tuwin utamaning pakarti.

Para kadang sumitra ingkang tansah satuhu winengku ing luhuring budi,
Sumangga kula dherekaken ngemut malih. prastawa nalika para PKL (Pedagang Kaki Lima) boyong saking Monumen 45 Banjarsari sawetawis taun kepengker. Mboten wonten ontran-ontran. Sadaya lumampah kanthi wilujeng tanpa pambeng, rahayu tanpa reridu. Para kadang PKL kalawau kanthi legawa ngestokaken pangajab saha dhawuhing praja. Awit, pamarentah anggenipun mersudi tansah adhedhasar luhuring budi, jejer minangka pamomong. Kajawi lumantar kembul bojana klawan wawan rembag kaliyan para PKL watawis 7 wulan dangunipun, nalika boyong para PKL ugi dipun kurmati kanthi kairing para prajurit Karaton Surakarta Hadiningrat. Satemah, kajawi legawa, para PKL ugi rumaos bombong lan mongkog.
Punika kalawau salah satunggaling tuladha, bilih Budaya Jawi ngemu piwucal ingkang ageng. Pramila, prayoginipun tansah kaagem minangka lelandhesan lair batin wonten ing madyaning bebrayan, kalebet wonten ing kawicaksanan hambangun Kitha Solo. Lumantar budaya ingkang adiluhung punika, sadaya saged mangertos jejeripun piyambak. Tumrap para pangembaning praja, inggih mboten lajeng kemratu. Kepara sageda ngetrepaken jejer minangka pamomong, ingkang tansah hangayomi saha manggalih kawulanipun murih langkung tentrem lan raharja. Semanten ugi para kawula, saged nulad jejeripun, satemah mboten murang ing trapsila saha subasita.
Sampun kasunyatan bilih kanthi bebrayan ingkang adhedasar budi lan pakarti utami saking pangembaning praja kaliyan warga, Kitha Solo saged akas anggenipun hanggayuh kemajengan. Tundhonipun, Solo nampi maneka nugraha. Kados dene MICE Award (Meeting, Incentive,Conference and Exhibition) saha ITA (Indonesia Tourism Award) tahun 2009 kepengker, kekalihipun magepokan Solo ingkang kasil ngrembakakaken industri pariwisata. Dene ing tahun 2010, surya kaping 12 Februari kepengker, Pemkot Solo nampi nugraha saking Presiden RI awujud Citra Pelopor Inovasi Pelayanan Prima. Maneka nugraha kalawau saged lestari lan mboten badhe muspra manawi budaya kalawau tansah dipun ugemi sadaya kawula saha pangembaning praja.
Makaten andharan kula magepokan kaliyan pengetan ambal warsa Kitha Solo ingkang kaping 265. Kula nglenggana, kathah kekirangan saha kalepatan anggen kula matur, langkung-langkung menggahing trapsila basa krami. Awit saking punika, kepareng kula hanyenyadhang lumubering samodra pangapunten.
Nuwun, matur nuwun.