Tuladha Hamicara (3): Atur Pambageharja

Dening: Iqbal Wahyu Purwito 

Assalamu’alaikum Wr. Wb. / Kulanuwun,
Para pinisepuh, sesepuh, saha para tamu sinedhahan ingkang winengku ing pakurmatan. Hamurwakani atur, kanthi kebaking panyuwunan dhumateng panjenengan sadaya, sumangga mugiya kersa kula dherekaken ngunjokaken raos suka syukur ing ngarsaning Gusti Allah Ingkang Maha Kawasa. Awit saking sih wilasa saha kanugrahanipun, panjenengan sadaya dalah kula hantuk pangayoman karahayon.

Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu winantu ing suka basuki, ing nriki kula kadhawuhan/kasaraya/hamakili Bp/Ibu ………  Mugi kaparengna kula handumugekaken punapa ingkang dados sedyanipun.
Minangka purwakaning atur, Bp/Ibu …….. ngaturaken pambage wilujeng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kersa nuhoni menapa ingkang dados pamundhutipun .  Salajengipun, Bp/Ibu….. ngaturaken agenging panuwun katur panjenengan sadaya, ingkang sampun kersa hanjenengi/hangestreni lampahing tatacara ing wekdal punika, inggih dhauping panganten Rr. …. ingkang kajatukrama dening Bgs. …….. putranipun Bp…. Sekaliyan saking …..
Hawit saking punika, Bp/Ibu …… kepareng nyuwunaken  donga pangestu panjenengan sadaya, mugi panganten sekaliyan ing tembe tansah kadumugen sedyanipun ingkang sarwa utama, cundhuk kaliyan kekudanganing para pinisepuh sarta ingkang sami bebesanan.
Kajawi punika, Bp/Ibu …… ugi ngaturaken panuwun tanpa pepindhan tumrap sadaya peparing pratandha-sih, minangka agenging katresnan panjenengan. Hamung kemawon, Bp/Ibu…. Nglenggana, mboten saged atur piwales punapa-punapa. Sagedipun hamung sumarah saha nyenyuwun ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Asih, mugi Gusti paring leliru ingkang sakelangkung ageng kaliyan ingkang sampun panjenengan rilakaken kalawau.   
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing luhuring budi, Bp/Ibu….. ing siang/dalu punika hanggadhahi kersa, mawi atur-atur dhumateng panjenengan sadaya, adhedasar rancangan ingkang kaangkah sageda damel sukarenaning panggalih. Suprandene dumugining data taksih kathah pinanggih kekiranganipun ing bab boja- karma, saha bab-bab ingkang kirang mranani, menggahipun handadosaken cuwaning panggalih, langkung-langkung tumrap klinta-klintunipun para kadang hamong tamu sarta juru leladi hanggenipun ngacarani rawuh saha lenggah panjenengan sadaya, kanthi trusing manah, Bp/Ibu …. Nyuwunaken agenging samodra pangaksama.
Ing salajengipun, panjenengan sadaya kasuwun hanyekecakaken anggenipun lelenggahan saha ngrahapi pasugata ngantos paripurnaning tatacara ing wekdal punika, kanthi sukarena.
Ing wasana, kula nglenggana anggen kula hamakili matur Bp/Ibu…. taksih tebih saking jangkeping trapsila basa krami, kula hanyadhong lumubering pangaksama.
Wassalaamu’alaikum Wr. Wb / Nuwun, matur nuwun.