Wajib Basa Jawi Saben Jum'at

Dening: Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawa Melathi Surakarta


WIWIT 19 Februari 2010 kepengker, Pemkot Solo sampun majibaken sedaya satuan kerja perangkat daerah (SKPD) ing wewengkon instansi pamarentah punika ngginakaken Basa Jawi saben dinten Jumat. Bab punika kawedharaken Wali Kota Solo Joko Widodo nalika pengetan ambal warsa Kitha Solo ingkang kaping 265. Sanajan ing dinten tertemtu (Jumat) punika wonten rapat koordinasi (rakor) utawi forum resmi sanesipun, kedah migunakaken Basa Jawi. Namung ing babagan seratan dhines kemawon ingkang tetep migunakaken basa nasional (Indonesia).

Menawi kula lan panjenengan sedaya kersa ngungak malih asil Kongres Basa Jawa (KBJ) IV nalika 10-14 September 2006 kepengker, ing Semarang, kawiyak bilih Basa Jawi pinangka sarana pasrawungan, pranyata gadhah panutur ingkang cacahipun 80 yuta langkung. Kajawi punika, Basa Jawi mujudaken salah satunggaling ”basa ibu” ingkang ageng ing donya. Basa Jawi mlebet urutan kaping 11 (sewelas) saking ewonan basa ing ndonya. Kaanan punika nedahaken bilih Basa Jawi taksih gadhah daya, mboten pupus ing pangajab saged ngrembaka. Salah satunggaling daya panjurung, inggih taksih dipunginakaken basa punika tumrap tiyang Jawi wonten ing pasrawungan.

Lumantar kawicakan punika, Pemkot Solo ngajab murih lestarinipun Basa Jawi. Awit ing kasunyatan, kepara kathah tiyang Jawi piyambak ingkang mboten saged migunakaken basanipun, mliginipun basa krama. Menawi kula lan panjenengan sedaya kersa mawas, wonten ing kulawarga kemawon asring pirembagan migunakaken basa nasional (Indonesia). Malah kepara mboten sekedhik ing griya lare pirembagan mawi basa manca, awit wonten ing sekolahan sak punika sampun dipun wulangaken basa Inggris, Arab, Mandarin lan sapanunggalanipun. Nalika mrangguli lare pirembagan mawi basa manca kalawau, tiyang sepuhipun malah mongkog lan bombong, mastani larenipun lantip anggenipun nyerep basa manca ing sekolahan.

Kanthi patuladhan wajib migunakaken Basa Jawi saben Jumat ing wewengkon Pemkot Solo, sayektosipun kula lan panjenengan sedaya kepara ngundhuh paedah ingkang ageng. Ing antawisipun, pinangka tiyang Jawi ingkang gesang ing alam modheren, sekedhik mbaka sekedhik badhe tuwuh krenteg malih memetri Basa Jawi. Ing tembe kaajab saged ngetrepaken kanthi mulat wonten ing salebeting pirembagan, wiwit trep-trepan krama andhap, krama madya, dumugi krama inggil. Punika kathah sanget mupangatipun ing madyaning pasrawungan, mliginipun ing bab tatakrama. Awit unggah-ungguhing basa krama ngandhut panuntun luhur, kados dene andhap asor, mboten nilar ing pakewuh, nebihaken panyendhu, lan sakathahing panuntun luhur sanesipun ing budaya Jawi. Pangendika SISKS Pakoe Boewono Kaping X: Rum kuncaraning bangsa dumunung haneng luhuring budaya.

Menawi kedah migunakaken Basa Jawi, lajeng kados pundi tumrap pegawe punapadene warganing masyarakat ingkang paring Ian nyuwun pelayanan, kamangka boten sedaya tiyang Jawi? Punapa mboten malah nuwuhaken ribet lan keconthalan? Kawitan temtunipun pancen mekaten. Ananging menawi dipungalih saha dipunraos kanthi wening, satemah kepara dados sarana anggenipun nyinau budaya Jawi (lumantar Basa Jawi), mumpung taksih wonten ing laladan Jawi. Kaanan punika mboten beneh nalika kula lan panjenengan ngangsu kawruh utawi makarya ing nagari manca. Temtunipun ugi kedah nyinau basa manca kalawau kagem kaperluwan ing pasrawungan.
Pangajab, mugi punapa ingkang sampun kawedharaken Wali Kota Solo Joko Widodo bab kuwajiban migunakaken Basa Jawi kalawau, sampun ngantos asipat formalistik kemawon. Kedah wonten panyengkuyung sanesipun, satemah mboten kandheg ing tengah margi. Panyengkuyung punika kados dene jatah pamulangan Basa Jawi ing sekolah-sekolah ingkang taksih kirang. Ugi sarana mekaraken budaya Jawi (kalebet Basa Jawi) ingkang saged kawastanan taksih dereng murakabi awit dana lumantar APBD kirang murwat. Pamarentah lumantar instansi ingkang raket sesambetanipun kaliyan babagan budaya, ugi taksih kirang grengseng ngawontenaken maneka andon wasis bab Basa Jawi. Kamangka, ing saindhenging Kitha Solo punika mboten sekedhik paguyuban ingkang mersudi budaya lan basa Jawi. Saged kawastanan bilih para pamerdi kalawau pinangka dados “aset budaya” tumrap Pemkot Solo. (*)

10 Responses to “Wajib Basa Jawi Saben Jum'at”:

  1. iqbal says:
    Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.
  2. Anonim says:

    Sampun sae, Mas. Penuangan ide/gagasan ke dalam tulisan dengan basa Jawa sudah bagus. Keberanian adalah kunci kesuksesan. Dan, saya lihat panjenengan sudah beberapa kali menulis di media cetak (JAGAD JAWA, suplemen Harian SOLOPOS edisi Kamis), berarti keberanian sudah menjadi modal utama. Secara kebahasaan, saya tidak berani atur panyaruwe awit miturut pamanggih kula sampun sae. Satu kata: Lanjutkan menuangkan ide dalam rangka mengembangkan bahasa Jawa.

  3. Anonim says:

    Ndherek tetepangan, kula Dahliana Herawaty (wonten ingkang mastani Bu Lia, ugi Mbak Era), saking Jakarta (ananging kula asli lair lan nalika alit wonten ing Solo, saking Laweyan). Kula iseng-iseng miyaki face book lan website, lajeng kepanggih website punika. Panjenengan taksih timur, tur priyayinipun bagus (...sampun ge-er, lho...). Kula kepengin nyinau basa Jawi, mbok bilih samangke kula mampir Solo, Dhik Iqbal saged kepanggih lan wonten wekdal? Manawi kepareng, kula nyuwun pirsa nomer HP panjenengan (kula sampun add alamat face book panjenengan lumantar rencang kula saking Jakarta, samangke kula kintun message nomer hp kula). Matur Nuwun.

  4. Anonim says:

    Mulai kemarin saya mau kasih komentar, tapi kok sulit masuknya. Saya salut, Anda masih muda tapi sudah ada "krenteg" memelajari basa Jawa. Apa Anda juga belajar di pawiyatan keraton atau semacamnya? Saya akan ke Solo sekitar awal April. Bisa kita sharing soal budaya Jawa? Nanti saya kabari lagi. (Susanti Widjaya-Jkt)

  5. Salah sijine wujud rasa tresna marang budaya, ya kanthi cancut taliwanda nglestarekake budaya, kalebu basa Jawa. Mulane, andharan Pemkot Solo kudu antuk panyengkuyung saka sakabehing warga Kota Solo, awujud apa bae, bisa kanthi pacelathon padinan, tulisan, utawa pratandha sih liyane.

  6. Setuju sekali. Hanya saja untuk perusahaan swasta, agak sulit karena menyangkut komunikasi. Sulitnya antara lain di level instruksional manajer-operasional yang membutuhkan kecepatan komunikasi kadang jadi kurang lancar. Begitu pula seandainya terjadi punishment. Nah, ada solusi, Mas? Saya tunggu tulisannya.

  7. Mas...., kok tulisannya belum tambah lagi? Padahal, beberapa waktu terakhir saya ngikuti acara panjenengan jadi pembicara, lho. Belum lagi, di bbrp acacra perkawinan, saya lihat pambiwara-nya ternyata panjenengan. Ayo, dituangkan saja idenya.

  8. Materi Mas Iqbal dalam diskusi beberapa hari lalu, yakni basa Jawa oleh pambiwara bisa dipraktikkan di mana saja, termasuk event pernikahan secara Islami (walimatul 'urusy), membuat saya terkesima. Persoalannya, maukah penyelenggara dengan cara benar-benar syar'i memakai pambiwara dengan basa Jawa? Yang kerap saya lihat adalah mereka (pambiwara) menggunakan bahasa Indonesia. Pengalaman mas iqbal sungguh membuat saya tertarik. Ntar kalo dapat job seperti itu, saya diberi info, ya..., pingin datang untuk melihat.

  9. Terima kasih atas komentar yang masuk. Untuk usulan yang saya terima via SMS maupun email, insya Allah saya tuangkan ke dalam blog ini, sementara masih saya simpan di file pribadi saya dan memang belum saya cuatkan untuk umum. Tunggu saja, sabar ya....

  10. Kalo dibiasakan pake bhs Jawa dalam SMS or fb, twitter, tentunya akan lebih gaul ya..?

Leave a comment