Tuladha Hamicara (1): Atur Pasrah Panganten

Dening: M.Iqbal Wahyu Purwito 


Atur pasrah panganten utawi paningset, makaten ugi atur nampi pasrah, kathah versi-nipun. Lajeng kados pundi ingkang leres? Sedaya leres, liripun ing kabudayan Jawi mliginipun babagan basa ing hamicara menika mboten wonten ingkang lepat. Awit trep-trepan basa ing hamicara menika dipun jumbuhaken kaliyan adat ingkang sinengker ing wewengkonipun piyambak-piyambak. Kanthi menika, mugi kawuningan bilih paraga ingkang badhe atur pasrah kedah kersa nulat utawi njumbuhaken kaliyan tlatah utawi wewengkon ingkang kagem tatacara pasrah-panampi, murih "komunikasi" sageda prayoga.
Ing ngriki, kula ndherek mbiwarakaken conto atur pasrah manten ing tatacara mantu ingkang limrah dipun praktek-aken ing Surakarta/Solo.

Kula nuwun,
Sih wilasa saha barkahing Gusti Allah Ingkang Maha Asih, mugi tansah kaparingna/kapatedhakaken*0) dhumateng panjenengan sedaya, ugi dhumateng kula . Amin.
Katur dhumateng ingkang kinurmatan, Bp. …(nama orang tua mempelai putri).. sekaliyan, ing kalenggahan menika lumantar Bp. …(nama orang yang bertugas menerima pasrah)… Ing titi kalenggahan menika, kula (ingkang kadhawuhan /minangka sulih sariranipun/kautus*1) dening Bp/Ibu …(nama orang tua mempelai putra)…saperlu handumugekaken atur.
Atur ingkang sepisan, awit jurung pamuji saha pandongan saking para pinisepuh, sesepuh saha panjenengan sedaya, sowan kula sapandherek/sapangombyong*2) wiwit saking griya dumugi ing madyaning wisma pahargyan ngriki, kinayoman kawilujengan saking sih wilasaning Gusti Allah.
Atur ingkang kaping kalih, sowan kula ing ngriki saperlu hanglarapaken badhe panganten kakung, pun Bg…(nama mempelai pria).., putranipun Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai pria).. saking………, ingkang badhe hanjatukrama Rr ….., putrinipun Bp/Ibu….(nama orang tua mempelai putri)..
Salajengipun, menggah kelampahaning tatacara dhauping panganten sekaliyan, Bp/Ibu…(nama orang tua mempelai putra).. hamung sumangga wonten ing pamurbanipun Bp/Ibu.. (nama orang tua mempelai putri)..
Mekaten aturipun Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai pria). Dene kula ingkang hamakili, nglenggana, taksih tebih saking jangkeping tatabasa, paramasastra menapa dene subasita, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Nuwun, matur nuwun.
….
*0): dipun pilih salah satunggal kemawon
*1): kadhawuhan/kautus, manawi ingkang dipun wakili yuswanipun langkung sepuh
     : minangka sulih sarira/hamakili, manawi ingkang dipun wakili yuswanipun sapantaran.
*2): sapandherek/sapangombyong, dipun pilih salah setunggal kemawon.

3 Responses to “Tuladha Hamicara (1): Atur Pasrah Panganten”:

  1. Asyiik...., tambah wawasan. Bacut-e ana to, Mas? Tak tunggu....

  2. Ilmu kang kawedhar ora bakal gawe susut, malah suwalike... Atur hamicara sing diwedhar dhik Iqbal ing ndhuwur, kok beda karo padatan nalika "in action" ing pahargyan..? (Nalika dadi pambiwara utawa hamicara masrahake, jaan.. uenaak-pol tur ringkes lan nges). Hayo..., "ilmu"-ne aja didhelikake, mbok ya di-dum kanca-kancane..

  3. Anonim says:

    Jeng TT Laras (Sragen)

    Kapan gawe buku, Mas? Aja mung nyebar hand out wae saben sarasehan, menawa kersa dicetak lan digawe buku, mesthine samsaya nges lan gampang diwaca utuh, tur mesthine panjenengan ya bisa entuk bebungah. Hehehehe..., usul kemawon, lho..

Leave a comment