Tuladha Hamicara (2): Atur Panampi Pasrah Manten

Ing perangan menika, kepareng kula paring pamundhut arupi conto atur panampi pasrah manten. Prelu kawuningan, bilih ing budaya Jawi, mliginipun ing babagan trep-trepan basa ing pahargyan/pawiwahan, mboten wonten ingkang paling leres lan ugi mboten wonten ingkang lepat. Awit sedaya kajumbuhaken kaliyan adat ingkang sinengker ing pabarayan utawi papan. Awit saking menika, miturut pamundhut kula ingkang cubluk , sinten kemawon ingkang badhe hangayahi jejibahan hamicara ing pahargyan utawi pawiwahan, prayogi kersa nulad saha hanjumbuhaken kaliyan adat ingkang sinengker. Sedaya panyaruwe sumangga dhumateng panjenengan sedaya tumrap conto ing ngandhap menika:

Kula nuwun,
Katur dhumateng Bp......(nama yang bertugas memasrahkan)… ingkang satuhu winantu ing pakurmatan, langkung rumiyin sumangga mugia kersa panjenengan sapangombyong kula dherekaken ngunjukaken suka syukur ing ngarsa Gusti Allah Ingkang Maha Welas saha Maha Asih , ingkang sampun haparing kawilujengan, kasarasan saha karaharjan dhumateng panjenengan sedaya dalah kula. Mugi sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Suci, tansah kapatedhakaken dhumateng panjenengan sapangombyong, sumrambah ing sedayanipun. Amin.


Bp. ..(nama yang bertugas memasrahkan)…., ing titi kalenggahan menika, kula ingkang kadhawuhan hamakili Bp./Ibu …(nama orang tua mempelai putri)…, saperlu nanggapi atur panjenengan kalawau.
Ingkang sepisan, kula ngaturaken wilujeng rawuh ing ngriki, satemah damel rancag tatacara ing wekdal menika.

Atur ingkang kaping kalih, lumantar kula, Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai putri).., ngaturaken panuwun paringipun salam taklim saking Bp/Ibu…(nama orang tua mempelai putra)… , kanthi pamuji mugi Gusti Allah tansah paring kawilujengan, katentreman saha kasarasan dhumateng Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai putra)..sakulawarga.

Salajengipun, sowan panjenengan hanglarapaken badhe panganten kakung, pun Bg. ..(nama mempelai putra)…, putranipun Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai putra).. saking ……, kula tampi kanthi sukarenaning manah.
Menggah kalajenganing tatacara ing wekdal menika, sampun wonten ing pamurbanipun Bp./Ibu …(nama orang tua mempelai putri)…. . Panjenengan sapandherek kula aturi pinarak lenggah minangka dados tamu, hamung kasuwun jurung pamuji saha pangestu, mugi kelampahaning sedya ing wekdal menika sageda lulus widada nir ing sambekala.

Minangka pungkasaning atur, kula nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan, langkung-langkung menggahing trapsila basa krami, kula nyuwun agenging pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.

3 Responses to “Tuladha Hamicara (2): Atur Panampi Pasrah Manten”:

  1. Anonim says:

    Pakdhe Widodo (Karanganyar):

    Sarujuk, cekapan (mboten dakik-dakik ananinging ugi mboten ringkes sanget). Ingkang dakik-dakik kejawi mboseni ugi damel molor adicara sak lajengipun. Wondene ingkang ringkes sanget, kok raosipin kirang ngaosi ingkang masrahaken (atur pasrah). Atur panjenengan mituru kula cekapan, basanipun sekeca (madya).

  2. Anonim says:

    Nurhayati - Klaten:

    Kathah versi hamicara, kalebet ugi atur-panampi pasrah. Sedaya rumpaka mboten wonten ingkang lepat, sedaya leres. Basa ingkang panjenengan agem miturut kula sekeca, cekak nanging mboten keringkesen. Temtunipun panjenengan sampun pana lan kathah "jam terbangipun" .

  3. Anonim says:

    Andianto, Solo: Versi Indonesia, Malah "Kikuk", Nyuwun Seserepan/Tuladha

    Bab atur pasrah-atur panampi pasrah versi Jawi hambok bilih sampun mratah lan maneka versi, jer ringkes, nges lan mboten dakik-dakik lan mboten rucah basanipun. Mugi kersa-a panjenengan paring tuladha hamicara kanthi versi Bahasa Indonesia ananging ngemu raos Jawi (= Java taste / Java Style, kados icon panjenengan..), awit mboten sekedhik rencang ingkang malah "kikuk" nalika hamicara versi Bahasa Indonesia awit sampun kulina basa Jawi. Matur nuwun.

Leave a comment