Mulyakaken Arwahipun Para Leluhur

Iqbal Wahyu Purwito 
 Pangreh Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi 

Wulan Ruwah dados wulan ingkang mirunggan tumrap masarakat Jawi, awit wonten tradhisi ingkang taksih lumampah wiwit jaman rumiyin ngantos dumugi jaman globalisasi. Tradhisi punika kawastanan ruwahan, jalaran dipuntindakaken ing salebeting wulan Ruwah. Greget ruwahan langkung ketingal nalika ing tanggal-tanggal pungkasan, utawi watawis sedasa dinten saderengipun mlebet ing wulan Pasa Ramadhan. Ing jaman modheren, kathah kaum mudha ingkang gadhah panganggep bilih tradhisi ruwahan punika mligi ritual nyadran utawi tilik pasareyanipun para leluhur kemawon. Nalika jaman rumiyin, tradhisi ruwahan wujudipun rerangken ingkang kawiwitan saking arak-arakan, reresik pasareyan , slametan, kenduren, megengan kalajengaken nyadran. Dene pamungkasing reroncen ritual kanthi padusan ingkang katindakaken sedinten utawi kalih dinten saderengipun wulan Pasa. Ing rerangken tradhisi ruwahan, wonten sawernaning cecawisan (limrahipun kaginakaken kangge ritual megengan) kadosdene ketan, kolak lan apem. Cara kina, mangsakan apem ingkang mateng wiwitan lan ingkang pungkasan lajeng katangkepaken nyawiji, dipunwadhahi takir saking ron pisang. Cecawisan kalawau mengku pasemon murih handayani raketing tali silaturahmi, memanising sesrawungan ingkang sarwi rukun, lan pasemon murih sami kersa paring pangapunten angudi resiking batin.Ing saperangan masarakat wonten ingkang ngrenggani cecawisan kalawau sinartan krincingan awujud arta receh utawi ingkang saking logam,pralampitanipun boten kendhat anggenipun nyenyuwun dhumateng Gusti Allah lan tansah kinemulan greget anggenipun ngupadi kabetahaning gesang ing alam. Dipunwastani ruwahan awit katindakaken ing wulan Ruwah. Nanging wonten ingkang mratelakaken bilih sesebatan punika saking jarwodhosok ngluru arwah, ingkang ateges atur pandonga mugi Gusti Alah kersa nampi arwahipun para leluhur utawi pepundhen. Pamundhut sanesipun, ruwahan kapethik saking Basa Arab:ruh utawi arwahu. Sedaya kalawau undheranipun minangka pepemut tumrap manungsa bilih mangke badhe pejah lan sowan/marak ing ngarsa Pangeran Kang Akarya Jagad, mila kedah tansah hambudidaya hanetepi dhawuhing Gusti Allah murih boten nandhang kapitunan ing alam kalanggengan. Ugi pepemut bilih manungsa punika turun-temurun saking para leluhur, mila kedah mangertos dunungipun sarasilah para pepundhen. Masarakat ingkang ngrasuk piwulang Jawi sami nindakaken sadranan utawi nyadran ing wulan Ruwah, kanthi pangajab murih boten kesupen dhateng leluhur ingkang nurunaken. Awit saking punika nalika nyadran, prayogi mboten hamung reresik pasareyan, dedonga lajeng nyekar kemawon. Nanging kaajab para tiyang sepuh sageda paring seserepan babagan sarasilah tumrap para putra turunipun. Sadranan yektinipun sampun lumampah wiwit jaman Karaton Majapahit nalika Ratu Tribhuwana Tunggadewi jumeneng nata dumugi Prabu Hayam Wuruk. Sadranan utawi upacara nyadran saking tembung sradha ingkang tegesipun sesaji minangka srana panyuwunan utawi pakurmatan kangge mulyakaken arwahipun para leluhur. Lajeng wonten sinkretisme budaya nalika Wali Sanga nyebaraken ajaran Islam, tradhisi sradha tetep katindakaken nanging mawi donga-donga islami, tujuwanipun negesaken bilih manungsa ingkang sampun pejah boten gadhah daya, pramila ingkang gesang kedah ndongakaken mugi arwahipun leluhur katampi ing ngarsanipun Gusti Allah lan dipun apuntena sedaya dosa lan kalepatanipun nalika gesang ing alam bebrayan. Reroncening tradhisi ruwahan manawi dipunonceki ngandhut sakathahing piwulang luhur. Kawiwitan saking arak-arakan minangka wara-wara ngemutaken wulan Pasa sampun caket. Keplasipun, tiyang ingkang ngrasuk agami Islam enggala nata lahir-batinipun awit badhe nindakaken ibadah siyam Ramadhan sewulan muput. Dene reresik pasareyan, nyekar, lan dedonga satemah pepemut tumrap sangkan paraning dumadi sarta pasemon tansah ngurmati para leluhuripun. Rerangken kenduren lan megengan kajawi pralambang aspek religi wujud atur pandonga konjuk dhumateng Gusti Allah, ugi pralampita aspek sosial ngraketaken silaturahmi, sedekah, sarta angudi bebrayan ingkang rukun. (*)

0 Responses to “Mulyakaken Arwahipun Para Leluhur”:

Leave a comment