MERDEKA.....???? Taksih Prelu Mardhikakaken Panandhanging Sanes

Boten karaos ing taun 2013 punika sampun ngancik 68 taun Republik Indonesia (RI) uwal saking panjajahing nagari sanes. Kados ing padatan, saben surya kaping 17 Agustus masarakat Indonesia mengeti Proklamasi Kemerdekaan RI utawi ingkang asring sinebat pitulasan kanthi kebaking raos suka syukur mring Gusti Allah. Salebeting ngisi alam kamardhikan, temtunipun kathah babagan ingkang kedah dipunparingi kawigatosan. salah setunggalipun babagan pangajab dhumateng kula lan panjenengan sadaya supados makarya kanthi temen murih hanggayuh kemajengan sarta ngindhakaken rataning asil pembangunan tumuju mring keadilan sosial ingkang saged ngukup sadaya lapisan masarakat. Temtunipun pangajab kalawau manawi dipunresepi kanthi saestu, ngemot werdi ingkang luhur, awit gegayutan kalawan kawontenan ing masarakat ingkang saperangan taksih dereng saged uwal saking pepanthan. Kados sampun kawuningan, nalika wulan Maret 2012 kepengker cacahipun warga ing wewengkon Provinsi Jawa Tengah ingkang taksih kalebet ing sangandhaping garis kemiskinan ngantos dumugi 4,977 yuta warga utawi watawis 15,34 persen. Kawontenan punika taksih langkung sae tinimbang taun kepengker, ingkang cacahipun dumugi 5,107 yuta warga utawi watawis 15,76 persen. Kaleres pengetan kamardhikan RI ing taun 2013 punika caket sanget kaliyan riyaya Idul Fitri utawi bakda Ariyadi (Lebaran). Sanajan Idul Fitri yektinipun minangka dinten riyayanipun umat Islam, nanging kadosipun sampun nyawiji ing masarakat kepara dados padatan, saengga masarakat sami ngregengaken riyaya punika kanthi“bakdan” (hambok bilih awit cacahipun warga Indonesia ingkang ngrasuk agami Islam saged sinebat mayoritas, utawi jalaran agenging sawab Idul Fitri satemah dados sumrambah ing masarakat). Manawi kula lan panjenengan boten selak, kasunyatan ing taun 2011 lan 2012 kepengker dhawahipun lebaran lan pitulasan ugi caket. Mila, kathah masarakat ingkang langkung munjeraken kawigatosan tumrap kaperluwan bakdan tinimbang pitulasan. Mekaten ugi ing 2013 punika, bibar lebaran nembe pitulasan.Greget masarakat anggenipun mengeti pitulasan karaos“kawon” kaliyan greget anggenipun nyekapi kabetahan mangayubagya bakdan. Sumangga dipunpirsani wiwit pasar, toko,mall lan sapiturutipun sami dados jujugan masarakat ingkang pados sawernaningsa sandhangan kados dene ageman, sepatu punapadene sandhal, sarta sakathahing maneka camilan utawi snack kangge cecawisan dinten lebaran. Makaten ugi spanduk sarta baliho saking sawernaning instansi, lembaga, organisasi punapa dene pribadi, langkung malih ing SMS sarta maneka seseratan lumantar jagad internet kados facebook, twitter lan sapiturutipun, ketingal langkung mratah seratan babagan apura- ing ngapura utawi minal aidin walfaizin tinimbang seseratan ingkang sipatipun heroik magepokan kaliyan pitulasan. Mrangguli kasunyatan kalawau, punapa ateges semangat proklamasi sampun luntur? Temtu kemawon boten makaten. Kawontenan kados makaten jalaran dhumawahing dinten lebaran lan pitulasan ingkang kaleres caket sanget. Kajawi punika, semangat proklamasi lan nasionalisme boten namung kadulu lumantar babagan ingkang sipatipun heroik kemawon, nanging kedah dipunejawanthahaken kanthi pamawas ingkang langkung wiyar ing paberayan ageng minangka lelandhesan hamangun nagari salebeting ngisi alam kamardhikan. Kalebeting kawontenan kados sapunika,semangat proklamasi kepara langkung gampil rumasuk ing atmosfer lebaran lumantar tema pengetan kamardhikan. Mugi semangat proklamasi sageda nuwuhaken greget kula lan panjenengan sedaya anggenipun merdi krenteg ngenthengaken panandhang lan sangganipun para sedherek ingkang taksih kabilut ing sangandhaping garis kemiskinan. Liripun, para warga ingkang sampun ngraosaken asiling pembangunan kanthi kasembadan kabetahan gesangipun, mugi sami kersa paring kawigatosan, welas asih, sarta boten owel andum kabingahan lan rejeki. Dene wujudipun saged langsung utawi lumantar lembaga-lembaga sosial ingkang madeg minangka sarana sinten kemawon kang badhe sabiyantu mring sesami, kados dene Lazis, Bazis, Solo Peduli, lan sapanunggalipun. Ing pangajab, para sedherek kang kalebet golongan marginal kalawau saged lega saking sakathahing panandhang lan awrating sanggan agesang padintenan, sarta kaajab saged ngincipi bingahing raos bakdan kanthi mardhikaning panggalih ing nagari ingkang sampun 68 taun mardhika punika. (iqbal wahyu purwito, pangreh paguyuban metri budaya jawi melathi surakarta)

0 Responses to “MERDEKA.....???? Taksih Prelu Mardhikakaken Panandhanging Sanes”:

Leave a comment