Bathik, Pusaka Donya Asli Indonesia


Dening: Iqbal Wahyu Purwito
Pengurus Paguyuban Metri Budhaya Jawa Melathi Surakarta

NALIKA mratinjo wewengkon ingkang katrajang lindhu ing Sumatera Barat, 2 Oktober kepengker, Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) mratelakaken pawadan bab bathik ingkang dipun agem. Presiden ngandharaken bilih 2 Oktober 2009 minangka Dinten Bathik. Andharan Presiden SBY punika jumbuh kaliyan putusan United National Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) ingkang netepaken bathik minangka warisan pusaka donya (world heritage) ingkang asumber saking Indonesia.

Tumrap bangsa Indonesia, putusan UNESCO punika saged kawastanan anugerah Gusti Allah ingkang damel bombonging panggalih. Awit pamarentah RI sampun dangu kanthi mboten kendhat anggenipun mbudidaya mbiwarakaken ing laladan internasional bilih bathik punika estu warisan kultural adiluhung asli Indonesia. Prelu kawuningan, magepokan kaliyan bathik, sawetawis nagari manca pranyata kumecer damel bathik. Kalebet Malaysia, ingkang kepara sampun ancang-ancang wiwit tahun 2004 nedya dados minangka nagari punjering bathik internasional. Murih gegayuhan punika saged enggal kawujud, Malaysia mboyong pengrajin-pengrajin bathik tulis saling tlatah Ngayogjakarta. Para pengrajin kalawau lajeng kadhapuk minangka instruktur produksi bathik.

Bathik panci mancaraken daya pencut ingkang ageng. Cakrikipun ingkang khas ketingal eksotik. Awit saking punika kathah ingkang kasengsem, kalebet tiyang saking manca. Kajawi punika bathik pranyata fesyenabel, saged dipun trepaken model punapa kemawon, saha luwes dipun kombinasi kaliyan bahan sanesipun. Pramila ing jaman sak punika, motif bathik saged sumrambah kaagem ing maneka swasana lan papan. Wiwit ing pasamuwan, acara resmi, kesripahan, utawi ageman padintenan. Bathik ugi ketingal sampun limrah kaagem ing papan pedamelan utawi kantor, hotel, mal, lan sanes-sanesipun. Kawontenan kados makaten punika benten sanget kaliyan rikala kula taksih alit. Kala semanten bathik namung kaagem ing swasana saha papan tinamtu, umumipun nalika jagong ing pasamuwan utawi ngrawuhi acara resmi. Pramila kala semanten manawi kaleresan panjenengan tindak ing griyanipun rencang kanthi ageman mawi motif bathik, mboten nggumunaken manawi rencang lajeng moyoki: “Badhe jagong dhateng pundi?”

Gegayutan kaliyan putusan UNESCO kados kasebat ing seratan nginggil kalawau, prayoginipun bangsa Indonesia tansah ngleluri bathik. Langkung-langkung tumrap pabarayan Jawa, ingkang sampun kawentar kanthi bathik tulisipun. Sampun ngantos kaprigelan pengrajin bathik tulis kandheg ing generasi sak punika kemawon. Putra-wayah dalah keturunan sak mangke ugi kedah saged hamarisi bathik minangka pusaka donya punika. Budi dayanipun maneka cara, antawisipun kanthi asring nyrawungaken lare bab bathik. Wujudipun inggih kanthi ageman bathik, saged awujud ageman utawi sinjang, utawi maneka kerajinan ingkang migunakaken motif bathik. Ugi kersoa paring kawruh sujarah bathik, maneka motifipun, kalebet naminipun ingkang ngemu pralambang (simbolis) pandonga utawi panyuwunan, kados dene Sido Mukti, Sido Luhur, lan sak panunggalanipun. Kajawi punika, lare-lare prayoginipun ugi dipun tepungaken sarana ningali proses produksi bathik tulis. Ing pangajab, generasi sak mangke saged mangertos kados pundi njlimetipun damel bathik tulis, wiwit saking ngeblat pola, kaprigelan migunakaken canthing nalika mbathik, ngantos dumugi proses mbabar.

Kanthi ngleluri bathik,ugi saged nuwuhaken krenteg saha raos handarbeni pusaka budaya ingkang adiluhung. Sampun ngantos kanugrahan awujud putusan UNESCO punika kalawau namung kandheg dados raos bombong, kasubya dados eforia/obor blarak ananging keturunan kula lan panjenengan sak mangke sagedipun namung ngagem bathik ingkang dipun damel tiyang manca. (*)


6 Responses to “Bathik, Pusaka Donya Asli Indonesia”:

  1. Materi di atas merupakan salah satu tulisan saya untuk kolom Purwaka (semacam Tajuk Rencana) di JAGAD JAWA, suplemen Harian Solopos edisi tiap Kamis. Sengaja saya kirim ke website saya ini, untuk menambah wacana berbahasa Jawa dalam mengulas fenomena yang ada. (iqbal)

  2. Bathik punika asli Indonesia, kalebet Surakarta minangka salah satunggaling laladan punjering bathik. Mboten amargi kula sakulawarga pandhemen bathik, ananging ketresnan tumrap budaya jawa (kalebet bathik) kedah dipun lestarekaken. Maneka caranipun, saged awujud koleksi bathik, utawi kanthi pamawas lumantar seratan / opini. Sarujuk, Mas Iqbal?

  3. Anonim says:

    GEGAYUTAN KALIYAN BATHIK, NYUWUN PANYENGKUYUNG SEDAYA WARGA ING WEWENGKON SAINDHENGING SURAKARTA, MBENJANG MINGGU, SURYA KAPING 29 MEI 2010, KASUWUN KERSA TINDAK ING JL. SLAMET RIYADI SOLO WANCI JAM 08.00 (CAR FREE DAY), KASUWUN NGRASUK BUSANA BATHIK. Ing pangajap, sageda kagayuh rekor MURI ing babagan busana bathik ing Surakarta. Matur nuwun.. (Bulik Nita, warga Solo)

  4. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
  5. Anonim says:

    (Dhimas, Surakartahadiningrat): Bathik = SBC

    Bathik pancen asli budaya Indonesia. Kutha Solo salah sawijining kutha kang dadi punjere industri bathik. Mulane, ayo padha nyengkuyung Solo Batik Carnival (SBC), amrih Solo minangka Kutha Bathik sansaya moncer.

  6. Anonim says:

    (Eliza W., lives in Solo):

    Batik is enjoying a new lease of life, resurrected in the country’s fashion industry. Batik now comes with colorful and cutting-edge designs, perfect for all. Its past stigmas — formal attire for the older generation, boring motifs and colors — have disappeared into thin air.

Leave a comment