Sumangga, Non-Muslim "Siyam" ing Ramadhan
Iqbal Wahyu Purwito
Pangreh Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta
Siyam ing wulan Ramadhan ingkang dipuntindakaken umat Islam minangka ibadah wajib, ingkang maknanipun boten hamung cegah dhahar lan ngunjuk nanging ugi meper utawi ngendhaleni hawa nepsu. Dene tumrap tiyang Jawi siyam minangka laku prihatin kanthi wujud ingkang maneka warna, kadosdene: siyam mutih, ngrowot, ngalong, ngebleng, wetonan, lan sapiturutipun. Sanadyan wujud sarta tata caranipun benten-benten, nanging undheranipun sami: murih sageda meper lan ngendhaleni kridhaning hawa nepsu tumrap ingkang nindakaken. Kasunyatan bilih jejering hawa nepsu punika ageng sanget dayanipun tumrap patrap lan pakartining manungsa. Hawa nepsu kaperang saking kalih tembung: hawa lan nepsu, ingkang sedaya dunungipun ing salebeting rasa lan jiwa. Tegesipun hawa saged kaandharaken minangka sedaya laku ingkang tumuju dhateng sipat-sipat hanetepi punapa ingkang dados dhawuhing Gusti Allah. Dene nepsu minangka krenteg anggenipun nindakaken laku ingkang sipatipun ala. Hawa nepsu sampun tinitah nyawiji tumrap manungsa nalika gesang ing alam donya. Awit saking punika, manungsa kedah tansah angudi anggenipun meper utawi hangendhali hawa nepsu kanthi prayogi, kaajab hawa nepsu kalawau sageda mupangat tumrap pribadinipun piyambak punapa dene tiyang sanes utawi masarakat.Makaten kosok-wangsulipun, manawi manungsa boten kuwagang ngolah hawa nepsunipun, temtu bakal ngundhuh kapitunan wonten ing alam bebrayan donya punapa dene alam kalanggengan utawi akerat ing tembe.
Kupiya merdi hawa nepsu murih saged pener lan bener ugi mawarni-warni, ing antawisipun kanthi laku mindhahaken (transformasi) jejering hawa dhateng nepsu, sarta mindhahaken jejering nepsu dhateng hawa. Andharanipun makaten, nalika tuwuh raos awrat badhe netepi utawi nindakaken dhawuhing Gusti Ingkang Maha Suci, prayogi enggala dipunperdi srana dipunpindhah dhateng jejering nepsu satemah murih dados raos awrat nalika tuwuh grengseng badhe nindakaken pakarti ala. Makaten ugi nalika tuwuh krenteg badhe nindakaken pakarti ala, tanpa suwala enggala kasuntak dhateng jejering hawa, murih lumintu dados mijiling krenteg hanetepi sedaya dhawuhing Gusti Allah jumbuh kaliyan pranataning agami. Kupiya mindhakaken jejering hawa dhateng nepsu punapadene mindhahaken jejering nepsu dhateng hawa makaten tumrap kabudayan Jawa saged dipunwastani meper kridhaning hawa nepsu. Tiyang Jawi gadhah maneka cara anggenipun meper hawa nepsu. Ing antawisipun kanthi tapa brata minangka lampah manunggaling kawula Gusti, tarak brata minangka lampah cegah dhahar kalawan guling (ngirangi dhahar, ngunjuk lan sare), siyam mutih, ngrowot, ngasrep, lan sanes-sanesipun. Tarak brata kalawau lajeng minggah malih ingkang dipunwastani mesu brata utawi laku prihatin. Ing budaya Jawi, masarakat anggenipun nindakaken laku pasa ugi maneka warni, wonten ingkang adhedhasar saking olah batin (kebatinan), ugi ingkang lelandhesan piwulang agami ingkang sumebar ing nuswantara. Awit saking punika, masarakat anggenipun nindakaken siyam ugi benten antawis setunggal lan sanesipun, kajumbuhaken punapa ingkang dados lelandhesanipun. Wonten ing ajaran Hindu, siyam katindakaken nalika Nyepi, dene ingkang ngrasuk ajaran Buddha kanthi mligi dhahar jinis sayuran (vegetaris), umat Kristiani nindakake siyam minangka tandha raos prihatin ngawuningani kahanan ing masarakat, lan sapiturutipun. Ing ajaran Islam, siyam kaperang dados kalih, ingkang dipunwastani siyam wajib (kados dene siyam ing wulan Ramadhan lan siyam nadar nalika kajatipun dipunijabahi Gusti Allah) sarta siyam sunnah (ing antawisipun siyam Senin Kemis, Syawal, Daud, lan sapiturutipun). Wosing siyam boten sanes kajawi minangka lampah meper hawa nepsu. Dene tujuwanipun nyaketaken dhiri lan minangka wujud taat dhumateng parentahing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Hakekat siyam yektinipun meper sedaya hawa nepsu, kalebet pandulu ingkang saged nuwuhaken krenteg maksiyat, pangandikan ingkang boten migunani kadosdene nacad alanipun tiyang sanes, pamireng babagan ingkang kirang becik lan njalari tumindak dosa, lan sanes-sanesipun. Siyam minangka kupiya meper hawa nepsu dados srana hanggladhi jiwa murih langkung tambah sabar lan kiyat nampi maneka pacobaning gesang kanthi legawa, hangudi kebaking raos sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kawasa. Awit saking punika, nalika nindakaken siyam, pikiran lan batos ugi kedah tumut siyam jalaran Gusti Allah Maha Pirsa punapa kemawon, kalebet isining pikiran lan batinipun manungsa.
Lampah meper hawa nepsu saged katindakaken sinten kemawon kanthi sesarengan umat Islam ing wulan Ramadhan punika. Liripun, ing wulan Ramadhan umat Islam sami nindakaken siyam minangka kuwajiban ngibadah, dene masarakat ingkang boten ngrasuk Islam ugi saged nindakaken “siyam” minangka srana meper hawa nepsu ing wulan Ramadhan. (*)
0 Responses to “Sumangga, Non-Muslim "Siyam" ing Ramadhan”: