Bathik, World Heritage Asli Indonesia
NALIKA mratinjo wewengkon ingkang katrajang lindhu ing Sumatera Barat, 2 Oktober kepengker, Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) mratelakaken pawadan bab bathik ingkang dipun agem. Presiden ngandharaken bilih 2 Oktober 2009 minangka Dinten Bathik. Andharan Presiden SBY punika jumbuh kaliyan putusan United National Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) ingkang netepaken bathik minangka warisan pusaka donya (world heritage) ingkang asumber saking Indonesia.
Tumrap bangsa Indonesia, putusan UNESCO punika saged kawastanan anugerah Gusti Allah ingkang damel bombonging panggalih. Awit pamarentah RI sampun dangu kanthi mboten kendhat anggenipun mbudidaya mbiwarakaken ing laladan internasional bilih bathik punika estu warisan kultural adiluhung asli Indonesia. Prelu kawuningan, magepokan kaliyan bathik, sawetawis nagari manca pranyata kumecer damel bathik. Kalebet Malaysia, ingkang kepara sampun ancang-ancang wiwit tahun 2004 nedya dados minangka nagari punjering bathik internasional. Murih gegayuhan punika saged enggal kawujud, Malaysia mboyong pengrajin-pengrajin bathik tulis saling tlatah Ngayogjakarta. Para pengrajin kalawau lajeng kadhapuk minangka instruktur produksi bathik.
Bathik panci mancaraken daya pencut ingkang ageng. Cakrikipun ingkang khas ketingal eksotik. Awit saking punika kathah ingkang kasengsem, kalebet tiyang saking manca. Kajawi punika bathik pranyata fesyenabel, saged dipun trepaken model punapa kemawon, saha luwes dipun kombinasi kaliyan bahan sanesipun. Pramila ing jaman sak punika, motif bathik saged sumrambah kaagem ing maneka swasana lan papan. Wiwit ing pasamuwan, acara resmi, kesripahan, utawi ageman padintenan. Bathik ugi ketingal sampun limrah kaagem ing papan pedamelan utawi kantor, hotel, mal, lan sanes-sanesipun. Kawontenan kados makaten punika benten sanget kaliyan rikala kula taksih alit. Kala semanten bathik namung kaagem ing swasana saha papan tinamtu, umumipun nalika jagong ing pasamuwan utawi ngrawuhi acara resmi. Pramila kala semanten manawi kaleresan panjenengan tindak ing griyanipun rencang kanthi ageman mawi motif bathik, mboten nggumunaken manawi rencang lajeng moyoki: “Badhe jagong dhateng pundi?”
Gegayutan kaliyan putusan UNESCO kados kasebat ing seratan nginggil kalawau, prayoginipun bangsa Indonesia tansah ngleluri bathik. Langkung-langkung tumrap pabarayan Jawa, ingkang sampun kawentar kanthi bathik tulisipun. Sampun ngantos kaprigelan pengrajin bathik tulis kandheg ing generasi sak punika kemawon. Putra-wayah dalah keturunan sak mangke ugi kedah saged hamarisi bathik minangka pusaka donya punika. Budi dayanipun maneka cara, antawisipun kanthi asring nyrawungaken lare bab bathik. Wujudipun inggih kanthi ageman bathik, saged awujud ageman utawi sinjang, utawi maneka kerajinan ingkang migunakaken motif bathik. Ugi kersoa paring kawruh sujarah bathik, maneka motifipun, kalebet naminipun ingkang ngemu pralambang (simbolis) pandonga utawi panyuwunan, kados dene Sido Mukti, Sido Luhur, lan sak panunggalanipun. Kajawi punika, lare-lare prayoginipun ugi dipun tepungaken sarana ningali proses produksi bathik tulis. Ing pangajab, generasi sak mangke saged mangertos kados pundi njlimetipun damel bathik tulis, wiwit saking ngeblat pola, kaprigelan migunakaken canthing nalika mbathik, ngantos dumugi proses mbabar.
Kanthi ngleluri bathik,ugi saged nuwuhaken krenteg saha raos handarbeni pusaka budaya ingkang adiluhung. Sampun ngantos kanugrahan awujud putusan UNESCO punika kalawau namung kandheg dados raos bombong, kasubya dados eforia/obor blarak ananging keturunan kula lan panjenengan sak mangke sagedipun namung ngagem bathik ingkang dipun damel tiyang manca. (*)
Iqbal Wahyu Purwito, pandhemen budaya Jawa, aktif ing kegiyatan memetri budaya mligine babagan pambiwara lan hamicara, pengurus Paguyuban Metri Budhaya Jawa MELATHI, Nusukan, Surakarta.

Tuladha Hamicara (1): Atur Pasrah Panganten
Dening: M.Iqbal Wahyu Purwito
Atur pasrah panganten utawi paningset, makaten ugi atur nampi pasrah, kathah versi-nipun. Lajeng kados pundi ingkang leres? Sedaya leres, liripun ing kabudayan Jawi mliginipun babagan basa ing hamicara menika mboten wonten ingkang lepat. Awit trep-trepan basa ing hamicara menika dipun jumbuhaken kaliyan adat ingkang sinengker ing wewengkonipun piyambak-piyambak. Kanthi menika, mugi kawuningan bilih paraga ingkang badhe atur pasrah kedah kersa nulat utawi njumbuhaken kaliyan tlatah utawi wewengkon ingkang kagem tatacara pasrah-panampi, murih "komunikasi" sageda prayoga.
Ing ngriki, kula ndherek mbiwarakaken conto atur pasrah manten ing tatacara mantu ingkang limrah dipun praktek-aken ing Surakarta/Solo.
Kula nuwun,
Sih wilasa saha barkahing Gusti Allah Ingkang Maha Asih, mugi tansah kaparingna/kapatedhakaken*0) dhumateng panjenengan sedaya, ugi dhumateng kula . Amin.
Katur dhumateng ingkang kinurmatan, Bp. …(nama orang tua mempelai putri).. sekaliyan, ing kalenggahan menika lumantar Bp. …(nama orang yang bertugas menerima pasrah)… Ing titi kalenggahan menika, kula (ingkang kadhawuhan /minangka sulih sariranipun/kautus*1) dening Bp/Ibu …(nama orang tua mempelai putra)…saperlu handumugekaken atur.
Atur ingkang sepisan, awit jurung pamuji saha pandongan saking para pinisepuh, sesepuh saha panjenengan sedaya, sowan kula sapandherek/sapangombyong*2) wiwit saking griya dumugi ing madyaning wisma pahargyan ngriki, kinayoman kawilujengan saking sih wilasaning Gusti Allah.
Atur ingkang kaping kalih, sowan kula ing ngriki saperlu hanglarapaken badhe panganten kakung, pun Bg…(nama mempelai pria).., putranipun Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai pria).. saking………, ingkang badhe hanjatukrama Rr ….., putrinipun Bp/Ibu….(nama orang tua mempelai putri)..
Salajengipun, menggah kelampahaning tatacara dhauping panganten sekaliyan, Bp/Ibu…(nama orang tua mempelai putra).. hamung sumangga wonten ing pamurbanipun Bp/Ibu.. (nama orang tua mempelai putri)..
Mekaten aturipun Bp/Ibu ..(nama orang tua mempelai pria). Dene kula ingkang hamakili, nglenggana, taksih tebih saking jangkeping tatabasa, paramasastra menapa dene subasita, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Nuwun, matur nuwun.
….
*0): dipun pilih salah satunggal kemawon
*1): kadhawuhan/kautus, manawi ingkang dipun wakili yuswanipun langkung sepuh
: minangka sulih sarira/hamakili, manawi ingkang dipun wakili yuswanipun sapantaran.
*2): sapandherek/sapangombyong, dipun pilih salah setunggal kemawon.