Tradhisi Kembar Mayang (1): Kebak Pasemon Luhur, Isih Dipercaya Malati ...

Oleh: Iqbal Wahyu Purwito,
 Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawa MELATHI Surakarta

Adat ing masyarakat Jawa, saben ana palakrama racake ora bisa pisah karo sing jenenge kembar mayang. Produk kabudayan kang digawe saka debok, janur lan sawernaning godhong-godhong, direka nganti mujud kaya dene gunungan.
Yen kadulu, kembar mayang duwe bentuk, fungsi lan estetika, sarta ngemu pralambang utawa pasemon kang slaras karo nilai-nilai ing paberayan. Pandulu kembar mayang saka estetika, katilik saka komposisi dasare kang katon pengkuh. Pasemone, calon panganten wis temen mantep anggone arep nglakoni urip bebarengan, cundhuk marang pranatan sosial ing lingkungane. Wujud kembar mayang sing kaya gunungan (wujud munggah), ngemu pralambang sesambungane manungsa marang Gusti Allah. Lire, tansah manembah lan bekti marang Gusti Kang Akarya Jagad.

Kembar mayang uga ora bisa ucul saka prosesi madege. Tegese, wiwit nyamektakake sawernaning ubarampe kanggo gawe kembar mayang, uga proses anggone gawe (ana ing dhaerah, utamane ing padesan, proses gawe kembar mayang diarani kanthi istilah “tebusan” kembar mayang. Dene ing kraton kasunanan utawa sedulur-sedulurkang golek seserepan ing pawiyatan, istilah “tebusan kembar mayang” ora ana, ananging nganggo istilah “tumedhaking utawa tumuruning kembar mayang”).

Kepriye sikep nalika gawe kembar mayang? Miturut keyakinane wong kuna, gawe kembar mayang kudu kanthi ati resik, ihlas, lan anggone gawe kanthi tenanan, tansah linambaran donga lan panyuwunan marang Gusti Allah.

Nganti tumeka sak iki (generasi), ora sithik sing percaya yen kembar mayang iku malati. Emane, percayane ya mung taklid, amarga padha keset anggone golek ilmu utawa seserepan sing sak benere. Akibate, akeh kang padha ora mudheng banjur nduweni rasa wedi nalika arep ngusung/ngangkat kembar mayang. Umpamane, ana wong kang ora sengaja nyenggol lan gawe rusake kembar mayang. Awit keweden saka sugestine dhewe, ora mokal njalari wong mau semaput, utawa girap-girap. Lha, kang kaya mangkene iki banjur digathuk-gathukke wong-wong sing ora ngerti juntrunge, marang bab-bab kang mistis. Apa bener mangkono? Banjur kepiye juntrunge kembar mayang? Ngapa saperangan umat Islam kaya-kaya “anti” marang kembar mayang minangka dekorasi ing tata cara manten (walimatul ‘urusy)?
(ana candhake)



3 Responses to “Tradhisi Kembar Mayang (1): Kebak Pasemon Luhur, Isih Dipercaya Malati ...”:

  1. Anonim says:

    Tulisan sak banjure ngonceki babagan kembar mayang tumrap saperangan umat Islam kang kaya-kaya "anti" tradhisi kasebut? Ayo Mas tak tunggu...,selak penasaran.(Ragil Saputra, Magelang)

  2. selimut.bunda@gmail.com says:

    Saka irah-irahan, apa kira-kira bakal bisa tinemu interaksi-visi tradhisi kembar mayang klawan panemune saperangan umat Islam marang prodhuk kabudayan mau (mligine tumrap kang duwe panemu tradhisi kaya mangkene iki ora slaras ajaran Islam )?

  3. Anonim says:

    Srikandhi Bekasi (sak iki tapa ing Salatiga):

    Kok bacute tulisan ing ndhuwur durung kawedhar ing blog iki, cah bagus? Apa amarga kakehan ayahan minangka pambiwara utawa narasumber ing diskusi antar-padhepokan? Yen gemes, mengko dak plothot lho, kareben metu tulisane...

Leave a comment