Pasemon Luhur ing Busana Jawi

Dening: Iqbal Wahyu Purwito
(Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawa MELATHI Solo)



Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana. Makaten pasemon wiwit jaman kina ngantos dumugi ing jaman laptop sak punika, taksih asring dipun trepaken ing pabarayan. Lajeng kados pundi busana Jawi ing jaman punika? Ingkang cetha, busana Jawi (ingkang asring kasebat Busana Kejawen) jaman sak punika hamung saged katrepaken nalika wonten salah satunggaling tatacara, umpaminipun nalika pahargyan utawi pawiwahan, saha tata cara adat, utawi tata cara pengetan nasional (Kartini-an, kirab budaya, lan sak panunggalanipun).

Busana Jawi utawi Busana Kejawen sayektinipun ngandhut pralambang piwucal budaya Jawi ingkang kebak kaluhuran. Pralambang ateges mboten kawedhar kanthi gamblang, ananging sinandhi utawi sesidheman. Salebeting Busana Kejawen kathah piwucal luhur sinandhi, ingkang werdinipun pitutur utawi piwucal ingkang kedah dipun trepaken ing alam bebrayan, murih sageda ginayuh gesang ingkang rukun saha hayem, satemah saged mujudaken kahanan ingkang “harmonis” ing pagesangan tumrap sesami punapa dene dhumateng Gusti Allah Ingkang Akarya Jagad.

Wondene pralambang pitutur utawi piwucal luhur ing busana Jawi, kawedhar wiwit saking busana ing perangan nginggil, tengah, dumugi ngandhap. Sampun kathah andharan bab werdining busana Jawi. Kaparengna, kula ndherek mbiwarakaken malih lumantar blog punika. Pangajap kula, murih Busana Jawi mboten dipun anggep minangka busana ingkang hamung kaagem wonten ing pahargyan utawi tata cara kanthi adat jawi kemawon, ananging pasemonipun ingkang luhur saged katampi. Kajawi punika, sageda nambah kawruh kula pribadi lan panjenengan sedaya, murih mboten nuwuhaken pamundhut ingkang kirang prayogi amargi hamung adhedhasar pangriptaning pribadi kanthi ukuran tinamtu (nyuwun sewu, kepareng blaka kemawon: wonten salah satunggaling sedherek muslim ingkang taksih kagungan pamundhut bilih busana kejawen punika kepara saged njlomprongaken iman ing kamusyrikan, saha mboten syar’i). Manawi busana kejawen putri dipun wastani mboten syar’i, kula pribadi sarujuk. Awit ing busana Jawi panci mboten wonten jilbab, saha taksih sanggulan. Ing kawontenan sak punika, kathah para sedherek muslimah ingkang ngagem busana Jawi kepara nyaketaken tumuju syar’i. Wujudipun, kanthi ageman ingkang rapet, mboten sanggulan, ngagem jilbab, kebayakipun ugi sampun modifikasi langkung panjang, saha ngagem stocking.

Dene ingkang kakung, Busana Kejawen taksih trep saha syar’i. Manawi ingkang ngetrepaken isbal (= kain mboten mleret nutupi “mata kaki”), jarikipun saged dipun tarik ing sak inggilipun “mata kaki” kalawau. Ananging ing busana perangan nginggil tetep blangkonan. Awit manawi ageman beskap dipun paring kopiah/songkok, malah ketingal mboten limrah, kepara nuwuhaken gumujenging tiyang-tiyang ingkang mirsani.

Wangsul malih ing bab pralambang busana kejawen kalawau. Ing perangan inggil, kasebat blangkon utawi udheng. Udheng ngandhut pasemon murih ingkang ngagem udheng sageda tansah “mudheng” utawi mangertos. Liripun, kajawi mudheng ing babagan kawasisan, ugi sageda kukuh ing pamikiran saha mangertos tumrap sangkan paraning dumadi (saged mangertosi menapa ingkang dados ancas/tujuwanipun gesang ing alam donya).

Ing perangan tengah, kawastanan beskap. Manawi dipun titipriksa, wonten benik ing perangan kanan lan kiring beskap kalawau. Benik ngemu werdi bilih polahing manungsa kedah sarwi dipun nik-nik (kanthi petung ingkang tlesih, teliti, ngati-ati) . Liripun, sampun ngantos damel tuna saha tatuning manah tiyang sanes. Sangandhapipun beskap, wonten perangan sabuk ingkang dipun ubedaken ing padharan ngandhap. Werdinipun, wonten ing alam donya, manungsa kedah ubed anggenipun nyekapi kabetahan gesang tumrap dhiri pribadi menapa dene kulawarga. Sacelakipun sabuk, wonten epek-timang (ingkang ateges ngupadi ilmu kagem sangu ing alam bebrayan, saha kaajap ilmu kalawau sageda kaserep kanthi gamblang). Dene perangan tengah salajengipun kawastanan jarik (saking pasemon aja gampang serik). Liripun manungsa kedah narima ing pandum saking Gusti Allah, saha tansah sabar. Jarik kalawau dipun wiru, pasemonipun wiwiren aja nganti kleru.

Ingkang pungkasan, busana ing perangan ngandhap, kawastanan selop utawi canela. Canela saking pasemon canthelna jroning nala. Liripun, batin manungsa kedah kiyat anggenipun ngregem iman. Wujudipun kanthi manembah, ngibadah saha pasrah dhumateng Gusti Allah. Ing perangan wingking, wonten keris utawi dhuwung utawi curiga. Keris dipun selipaken ing wingking, pasemonipun manungsa kedah saged ngungkuraken sedaya pambilut/panggodhaning syetan. (*)

6 Responses to “Pasemon Luhur ing Busana Jawi”:

  1. sarujuk mas, ndherek tepang.

  2. @sambelgaring: Matur nuwun, Mas.Mugi kersoa paring panyaruwe dhumateng kula, awit cubluking pamanggih saha taksih tebih saking babagan tatabasa, paramasatra punapadene subasita. Kepareng kula ngupadi seserepan lumantar sambelgaring.com. Nuwun

  3. bunda winnie says:

    "Sosialisasi" kados ingkang panjenengan andhar menika prelu sanget ing kawontenan sak menika, Mas. Awit mboten sekedhik generasi kula ingkang kirang pana bab pasemon saha werdining busana Jawi, langkung-langkung generasi ing sak lare kula. (bu wien)

  4. Anonim says:

    Busana Jawi tumrap wanita, sak menika njumbuhaken kawontenan. Tegesipun,mboten ngrasuk ageman Jawi "ansich", ananging saged dipun kombinasi kanthi cara Islami (kanthi ageman tambahan jilbab, saha ageman nglebet/"decker/mawi furing" murih bahan broklat kebayak saged rapet). Bukti bilih budaya Jawi yekti fleksibel ing pabarayan (kawontenan, jaman, lan sak panunggalanipun). Panyaruwe sumangga. (Mbak Niek,NTT)

  5. Anonim says:

    (Dhimas, Surakarta): Babagan Rante, Benggol, Lsp

    Kados pundhi pasemon tumrap benggol, rante utawi sanesipun ing busana Jawa? Hamung kaagem minangka aksesoris, menapa wonten werdinipun? Nuwun. (

  6. Anonim says:

    "Lencana" Minangka Aksesori, Hamung "Gagah-gagahan'?

    Asring panjenengan lan kula nyumurupi saperangan paraga ing pahargyan ngagem "lencana" awujud hastabrata, miniatur keris, utawi simbol keraton. kamangka, paraga kalawau mboten ndherek pawiyatan ing karaton, utawi dereng pana bab werdinipun hastabrata, lsp. Hambok bilih hamung kaagem "gagah-gagahan' utawi pandhemen budaya ananging hamung "kulitipun" kemawon. Mugi sami kersoa ngudi seserepan bab werdining "lencana" utawi aksesori kalawau. Nuwun.
    (Harsomo, pandhemen budaya Jawi ing Surakartahadiningrat).

Leave a comment